NGURI-URI BUDAYA JAWI
Tokoh Pewayangan : Puntadewa
Sapa sing seneng nonton wayang???? Ing jaman modern akeh para kawula mudha sing ora patimudheng wayang. Wayang dianggep tontonan sing kuno, wis ora njamani, wayang iku tontonan kanggo wong tuwa-tuwa.Bener ora ya pikiran kaya ngono kuwi????
Kamangka wayang purwa (wayang kulit) iku kebak piwulang utama,kebak tepa palupi kang tansah bisa jumbuh karo kahanan jaman. Coba gatekno tokoh wayang ing ngisor iki !
Gambar ing ndhuwur iku gambare Raden Puntadewa. Raden Puntadewa.putera pambayune pasangan Prabu Pandu dan Ibu Dewi Kunti. Raden Puntadewa. ana ing versi pewayangan Jawa uga kagungan tetenger liya yaiku :
- Ajataśatru, "priyayi kang ora duwe mungsuh".
- Bhārata, "keturunan Maharaja Bharata".
- Dharmawangsa atau Dharmaputra, "keturunan Dewa Dharma"
- Kurumukhya, "pemimpin bangsa Kuru".
- Kurunandana, "kesayangan Dinasti Kuru".
- Kurupati, "raja Dinasti Kuru".
- Pandawa, "putera Pandu".
- Partha, "putera Prita atau Kunti".
- Puntadewa, "kagungan derajat sejajardewa".
- Yudistira, "pinter meper hawa napsu pribadi".
- Gunatalikrama, "pinter migunakake basa".
- Samiaji, "bisa ngajeni wong liya kaya dhiri pribadhi".
Sifat lan kasektenne Puntadewa
Sifat kang paling katon saka Yudhistira yaiku adil, sabar, jujur, taat agama, percaya dhiri, kendel.
Kasekten kang paling katon yaiku pinter nglumuhake kewan-kewan galak nalika para pandhawa kabuang ing alas Wanamarta.
Pusakane Raden Puntadewa/Yudhistira
Ana ing pewayangan Yudistira kagungan pusaka :Jamus Kalimasada,Tunggulnaga,lan Robyong Mustikawarih.Jamus Kalimasada, awujud kitab/buku, Tunggulnaga awujud paying, RobyongMustikawarih awujud kalung kang ana ing jero kulite Yudhistira. Nalika Raden Yudhistira duka lan ilang kesabaranne kalung Robyong Mustikawarih kagrayang Raden yudhistira sanalika bisa owah wujude dadi raseksa kang kulite putih

Tidak ada komentar:
Posting Komentar